Kamis, 11 Agustus 2016

Kekancan Sing Becik

Gedhe dhuwur, kulit sawo mateng, lan rambut ireng areng sak kelas ing salah siji sekolah menengah yaiku Dandy, bocah sing dikenal pinter. Nanging ana bocah sing ora seneng marang dheweke, yaiku Amelia Indah, bocah sing kondhang suarane. Dheweke ora seneng amerga iri karo kapinterane. Dandy panggah nganggep Amelia kanca, Dandy nekat ngajak Amelia kekancan saben dina. Nanging Amelia ora gelem kekancan karo Dandy amerga rumangsa Dandy iku saingane. Amelia bocah sing gampang adol umuk, dheweke ngelek-ngelek Dandy neng ngarepe kanca-kancane sekolah. Ngerteni polahe Amelia, Dandy panggah sabar marang Amelia, amarga Dandy ngerteni yen Amelia iri karo kaluwihane Dandy.
Wayah kuwi, ulangan basa jawa. Ora ana suara rame ing njero kelas, amarga kabeh padha nggatekne soal sing didep ing ngarepe dhewe-dhewe. Nanging Amelia sing ora bisa plajaran basa jawa kui menga-mengo golek turunan. Mripate balang liring ngiwa nengen. Kancane padha lungguh ing mburi, sing neng andinge Amelia mung Dandy, Nanging dheweke ora gelem takon marang Dandy, amarga dheweke kawirangan yen takon marang bocah sing ora disenengi.
Ing sawijining dina, guru kimia ngakon nggawe kelompok sing anggotane papat per kelompok, yaiku loro lanang lan loro wadon. Wayah kui, kebejan Dandy sabangkune ngajak Amelia karo kancane dadi sakelompok, Nanging Amelia ora gelem. Amelia nggawe guru kimia mangkel amerga angel diatur, mung dheweke sing durung kebagean kelompok. Kapeksa Amelia kudu sakelompok karo bocah sing ora disenengi, yaiku Dandy. Bebarengan dina, Kelompok iki ora ana sing aktif, saliane Dandy karo sabangkune. Sabangkune Dandy jenenge Frendy, sing arep laporan marang guru kimia, amarga Amelia ora gelem kerja kelompok. Sadurunge laporan, Frendy ngancam Amelia. “Mel?Lek kowe ora gelem kerja kelompok, bakal tak wadolake bu Eny lo!!” Krunggu suarane Frendy kuwi, dheweke Malih gelem kerja kelompok bebarengan karo Dandy. Kedadean kui gawe Dandy seneng amarga ora di sengaja gawe Amelia kegugah atine. Kerja bebarengan saka kelompok iki wis kawujud, tugase kasil becik lan bijine wis kalebu becik uga. Nalika dina kui Amelia uga malih seneng karo Dandy. Wujude wayah muleh sekolah bocah loro iki mlaku bebarengan menyang gerbang sekolah.
Wektu muleh sekolah, ing dalan Amelia kena perkoro, yaiku ban sepedha sing ditumpaki dheweke bocor. Amelia bingung, amerga dheweke ing dalanan sepi lan dhewe. Kanca liane wis padha dhisik ninggal dheweke. Ora disangka Dandy liwat dalanan iku, Dandy mandhek ing ngarepe Amelia lan takon dheweke.
“Lo Amel? Nyapo sepedhamu kui?Kok dituntun?” pitakon Dandy marang Amel, karo kaget.
“Iki lo Dan bane sepedha bocor, aku bingung arep muleh.” Sautan Amel marang pitakone Dandy.
“Yawis, kene tak baturi neng tambal ban, kowe numpaki sepedhaku ae, sepedhamu tak tuntune.” Tuture Dandy nulungi Amel.
“Gausah wis, timbang ngrepotne kowe, dak tuntune dhewe Dan.” Wangsulane Amel.
Limalasan menit teko bengkel tukang tambal ban. Bengkel iki rame, dadi kudu antri yen arep tembel ban. Karo antri Dandy ngajak Amelia mangan bakso, ing warung ngarepe bengkel. Amerga Dandy ngerti yen Amelia kesel muleh sekolah ketambahan ngantri tambal ban.
“Mel? Mangan bakso neng ngarep kae yo?” Ajake Dandy.
“Ayo Dan. Aku yo luwe ketambahan muleh telat iki engko.” Wangsulane Amelia.
“Wis ndang di pangan baksone, sepedhamu gausah dipikir dhisik.” Tutur Dandy, bebarengan tekane bakso sing diterne karo bakule.
“Iyo Dan, ayo di pangan baksone” Saut Amelia.
Sawise mangan bakso, Amelia nggunem ing batine “Pranyoto Dandy bocahe becik yo, ora padha kaya apa sing tak pikirne.” Dheweke kapingin nyuwun sepura marang Dandy, amergo dheweke wis ngerasa salah lan dina iki mau dheweke yawis di tulung Dandy.
“Wis rada sepi bengkele Mel, ayo mbalek rono. Ajake Dandy karo ngadheg ninggalke warung.tt
“Iyo. Ayo Dan.”  Saurane Amelia karo nyusul langkahe Dandy.
“Dan? Aku nywun sepura ya neng kowe, lek aku duwe salah.” Panjalukane Amelia marang Dandy.
“Iyo Mel, wis dak sepurani kat biyen-biyen kae kok.” Wangsulan saka panjalukane Amelia.
Dina wis sore, tambalan ban wis di pungkasi karo tukang bengkele. Amerga dalan omahe Dandy karo Amelia sadalan, bocah loro kui muleh bebarengan. Bocah loro iki wis ketara guyub rukun. Ing seselan guneman bocah loro iki, Dandy ngajak budal bebarengan dina sesok wayah budhal sekolah. Dandy ngira Amelia ora bakal gelem karo ajakane dheweke. Nanging, batine Dandy iku ora padha karo kasunyatan. Amelia gelem karo ajakane Dandy iku, dheweke malah seneng bisa budhal sekolah bebarengan.
Gang sedelo wis teka ngarep omahe Amelia, Sadurunge mlebu gawangan Amelia mandhek lan saitik guneman karo Dandy.
“Dan? Suwun ya pitulunganmu dina iki mau. Aku akeh utang budi menyang kowe. Pisan engkas suwun.” Tuturan matur suwun merang Dandy sing wis nulung dheweke.
“Iyo Mel. Padha-padha ae, Eh iyo tugasmu Basa Jawa wis kok garap durung?” Wangsulan Dandy karo pitakin tugas Basa Jawa.
“Durung Dan. Aku bingung tugase kon nyapo ae?” (Amelia bingung karo tugase Basa Jawa).
“Karo Bu Mifta diutus gawe tembang lan maju neng ngarep karo nembang, minggu ngarep kudu wis mari lo.” Wangsulan Dandy marang pitakon Amelia.
“Loh!! Mosok ta Dan? La aku durung blas. Pie iki? Kowe wis mari temen ta?”
“Tembangku wis mari Mel, tapi aku bingung nembange, Kowe lak pinter nyanyi to?Mbokyo di warai kancane, Heheeee.” Panjalukan Dandy karo ngajak guyonan.
“Wis ngene ae Dan, kowe kan bisa gawe tembang lan aku bisa nembange. Sesok muleh ekolah kelompok bareng ngarap tugas basa jawa. Piye? Kowe bisa ta?”
“Insya Allah aku bisa. Yawis ndang mlebu omah kono. Aku arep mulih, selak udan wong wis mendung.” Wangsulan Dandy.
“Iyo Dan, Ati-ati neng dalan ya? Suwun pitulunganmu mau.”
“Oke Mel. Yawis muleh aku, sesok tak ampiri jam satengah pitu esuk ya?”
“Iyo Dan. Dak tunggu.
Dina sesuk, esuk Dandy ngampiri Amelia ing omahe. Bocah loro budhal bebarengan menyang sekolah. Teka sekolah kanca-kancane Amelia pada kaget nyawang  dheweke mlaku bebarengan karo Dandy. Amarga kanca-kanca padha ngerti yen Amelia iku ora seneng marang Dandy. Nanging kasunyatan amarga tugas kelompok wingi, bisa dadi kekancan sing guyub rukun. Bel mlebu kelas muni, wayae di wiwiti pelajarane, kabh padha mlebu kelas dhewe-dhewe. Sadurunge pelajaran di wiwiti, tugase ketua kelas yaiku, nyiapkake anggota kelase ndonga bebarengan, supaya apa sing arep di sinau bisa gawe cagak uripe dhewe-dhewe. Sawise dongo dirampungi pelajaran di wiwiti.
Bel muni, ngabari wayae ngaso. Guru metu saka kelas lan murid-murid padha gemruduk mlaku neng kantin. Nanging Dandy ora metu kelas, dheweke wis dibekali ibuke saka omah. Sarapan Dandy dina iki sega goreng lan tahu tempe. Dheweke ngenteni kanca-kancane sing tuku panganan ing kantin, Kanggo dheweke mangan bebarengan kuwi luwih ayem tentrem timbang mangan dhewean. Amelia sing saben dina mangane karo kanca-kancane liane mangane ing kantin, nanging dina iki, dheweke malah melu mangan ing kelas karo ngumpul bebarengan Dandy.
Akeh kanca ing nggunem Amelia. Amelia wis gawe kanca-kancane bingung, amarga dheweke malih senng karo Dandy. Ora kaya biyen maneh,
“Eh rek? Amelia saiki kok malih seneng karo Dandy ta, wong biyen ae guneme ora sengeng karo Dandy.” Guneme Diana, kancane Amelia.
“Iyo Na. Saiki malah mangan bebarengan karo Dandy, ya muga-muga kelepatan becik.” Saure Sasa marang Diana.
“Lo rek, nyapo kok meneng ae neng kono, kene lo gabung mangan bebarengan.” Suarane Amelia banter, karo ngajak Diana lan Sasa mangan bebarengan.
“Iyo Mel. Wong aku yawis mangan neng kantin mau karo arek-arek.” Diana lan Sasa mangsuli Amelia, karo mlaku moro neng Amelia.
“Kene lungguh neng sandingku.” Amelia karo mesem.
“Iyo Mel, arek-arek mengko sido neng omahku jam piro?” Pitakone Sasa neng Amelia, sing arep dolan neng omahe Amelia.
“Kayake aku ora bisa mengko Sa, aku arep nggarap tugas basa jawa sing diutus Bu Mifta gawe tembang, karo Dandy.” Saure Amelia.
“Aku yo durung nggarap kui Mel. Aku melu kelompokan ae ya?”
“Iya rapapa melua. Mengko neng omahe Dandy apa neng omahku?”
“Sembarang aku karo Diana manut ae Mel. Sing penting tugase basa jawa rampung, Bu Mifta ya ora nesu-nesu maneh.”
“Yawis oke. Mengko jam 3 ae ya ing omahku. Muleh sekolah salin sragam dhisik.”
“Oke Mel.” Sautan Dandy, Diana lan Sasa bebarengan.
Sawise muleh sekolah bocah papat iki padha mara neng omahe Amelia. Tugas basa jawa digarap bebarengan nganti rampung. Babar kuwi Amelia belajar nembang. Tembang sing digawe Amelia yaiku tembang pucung sing direwangi karo kanca-kancane. Bebarengan Amelia pinter nyanyi, dheweke uga pinter nembang, suarane alus tembunge. Dandy uga seneng krungu suara nembange Amelia.  Sawise kabeh gawe tembang rampung lan blajar nembang yawis rampung. Tugase siyap di tumpuk minggu ngarep. Blajare nembang sing kudu di mantepake, supaya ora ndhredheg maju ing ngarep kelas.
Minggu ngarep, wayah maju neng ngarep kelas, suarane padha aneh, ora akeh bocah sing bisa nembang sing becik kaya Amelia. Wayah Amelia maju, kanca-kancane padha bunggah atine, amarga krungu alus tembunge saka Amelia. Bu Mifta wis janji marang bocah sakelas, yen ana telu bocah surane alus lan penak ing kuping, dheweke diparingi hadiyah saka Bu Mifta. Bocah telu iku yaiku Amelia, Dandy lan Diana. Sasa ora katut, Suarane Sasa alus, nanging ana sing luwih alus lan becik yaiku Dandy lan Diana. Sasa ora cupet atine amarga kedadean iku, dheweke malah gilig tekade blajar nembang sing taberi.
Ulangan Semester arep teko, kabeh bocah padha bingung karo tugas-tugase sing durung di kumpulake marang gurune. Amerga tugas-tugas iku di gawe tiket melu Ulangan Semester taun iki. Saumpama ana bocah sing ora lengkap tugase , ora bisa melu Ulangan Semester. Nanging Amelia karo Dandy tenang pikirane, amarga dheweke wis rumangsa ngrampungne tugas-tugas sing diparingi guru-guru mata plajarane. Dumadakan Amelia ditimbali Bu Mifta, guru basa jawa ing kelase. Dheweke ditimbali, amarga bijine basa jawa akeh sing kurang, dheweke mung bisa nembang, nanging ora ngerti materi sing diwenehi gurune.
Pungkasane Amelia kegugah atine, dheweke ora bisa plajaran basa jaawa. Mula kuwi dheweke kapingin les privat basa jawa. Dheweke ora kapingin yen biji raporte taun iki kobong mung gara-gara basa jawa. Dheweke mikir yen dheweke wong jawa nanging kok ora bisa basa jawa. Dheweke kapingin nyuwun pitulungan marang Dandy, bocah sing kondhang landhep pikirane ing sekolahan iki. Dheweke kapingin ngunem marang Dandy, nanging bingung arep muni piye marang dheweke.
Gang sedino, Amelia pethok Dandy, dheweke ngajak rembugkan karo Dandy perkoro basa jawa.
“Dan?Kowe gelem ngewangi golek guru les basa jawa?”
“Lo? Nyapo Mel kok golek guru basa jawa barang?”
“Iki lo Dan perkorone mau, aku ditimbali karo Bu Mifta, kandhane tugasku basa jawa bijine akeh sing kurang, sing becik mung biji nembang.”
Uwis, Ora usah cilik ati. Mengko sore dak warai sinau basa jawa nganti kowe bisa.”
“Lha les basa jawaku piye Dan?”
“Ora usah les basa jawa. Wong duwe kanca sing pinter basa jawa kok, ndadak les barang, heheee….”
“Oalah iyo Dan, Kowe pancen bocah jembar kawruhe menyang kanca. Suwun ya Dan.”
“Iyo padha-padha Mel. Ora salah kan kowe yo kancaku kok.”
Selang sadino, Amelia wis bisa luwes karo basa jawa, dheweke wis siyap ulangan basa jawa taun iki. Iku kabeh amarga pitulungane Dandy.
Esuk-esuk Amelia wis kringetan amarga kudu mblayu-mblayu tekan parkiran menyang kantor guru, amarga kesusu arep numpuk tugas basa jawa neng mejo gurune. Dheweke emoh nganti telat numpuk tugas, amarga tangi kawanen, dadi malih kesusu. Dhewe koyo ora nyawang wong, kabeh sing ana neng ngarepe dheweke diterak blusuki ben cepet tekan kantor guru.
Dumadakan tekan ngarep lawang kantor guru, dheweke nabrak laras, kakak kelase. Banjur dheweke kepental tiba ing mburi. Dheweke gremeng lara karo ngelus-ngelus sikute sing ketatap tembok. Bocah sing di tabrak, panggah ngadeg ing ngarepe lan ora tiba. Banjur kuwi Amelia dhredheg, dheweke ndagak menduwor karo ngadhek nyuwun sepura menyang kakak kelas kasebut.
“Mbak? Nyuwun sepurane ya?” Kandane Amelia.
“Piye to piye? Duwe mripat opo ora?Ana wong neng ngarepe angger tubruk-tubruk wae!!” Wangsulane Laras karo abang kupinge.
“Iyo sepurane mbak, aku sing salah.”
Karo melongo, Amelia ora digatekne karo Laras, Laras malah ngaleh ninggal Amelia, karo rasa gething. Banjur kuwi, Amelia langsung mlebu kantor numpuk tugase neng mejone Bu Mifta. Bu Mifta kaget ninggali tugas-tugase Amelia, ing njero wektu singkat iki Amelia bisa ngrampungne tugas-tugase.
Babar ulangan semester, ana lomba nyambut HUT Koperasi Langgeng Mulya ke-28. Anane lomba iki disebarkake ing sekolahan. Nanging lomba iki kabeh nganggo basa jawa, kayata: ndalang, nembang, karawitan, tarian jawa (jaranan) lan sapiturute. Bu Mifta kapingen golek perwakilan bocah loro saka sekolahan, Nanging mung Dandy sing gelem. Bu Mifta lan Dandy kapingen nawani Amelia, supoyo gelem melu lomba. Awale Amelia ndredek lan ora gelem, amarga dheweke kapingin ngangsu kawruh, dheweke maleh gelem melu lomba.
Bu Mifta percaya yen Amelia karo Dandy bakal bisa gawe jeneng sekolah becik. Nalika lomba diwiwiti jam wolu esuk, Dandy lan Amelia teka sawetara jam pitu esuk, bocah loro weruh akeh mobil khusus nderek lomba ing ngarep sekolah.
Sawise teka tujuan, dheweke mbaleni maca buku bebaregan karo Dandy, latihan nggarap soal-soal ingkang angel pangertine. Bu Mifta sing mbimbing bocah loro kui mau yo melu nerangne. “Muga-muga soale bisa kok kerjake kanthi sae yo cah.” Kandhane Bu Mifta. Sapa sing melu lomba iki, bakal oleh sertifikat, sertifikate kenek digawe melu maneh taun ngarep.
Jebule Dandy lan Amelia oleh juara siji ing lomba iku. Iku amarga kelakuan wong sing becik lan lurus lakune. Sing gawe urip wis maringi rejekine dhewe-dhewe. Bu Mifta lan pihak sekolah padha seneng, amarga gawe jeneng sekolah becik.
Dadi rangkume sapa sing gelem usaha kanthi gilig tekade mesthi bisa ngundhuh apa sing di tandhur biyen-biyene. Mula kuwi dadi bocah aja sing sombong. Dadia bocah sing jembar dhadhane.